Bejo Tibo Apes (Ribut Achwandi)

 

Jaman saiki, dadi tukang bécak kuwi kembang kempis. Wong saikiné kuwi isiné bèngsinan otok. Ora lor, kidul, wétan, kulon dalané isiné montor otok. Sedino biso narik ping papat bé wis bejoné pok. Mugakno koyo Taslim gelem nyambi nguli bongkok ning pasar. Bayarané yo ora kètang biso nggo nutup butuhé dinanan. Tapi mlayanlah. Sing penting ora ngemis. Tapi nganti sak awan iki Taslim akèh ngangguré.

“Pak bécak!” lah kaé ono suworo. Koyoné ngundang-undang Taslim.

Taslim sing mauné lemes-lemesan ning nduwur bécaké gagiyangan tangi. Marani sing ngundang. Tur pancèn gèl bejoné pok-pokan. Sing ngundang Taslim bocah wadok ayu. Kulité putih resik, awaké apik, rambuté ngombak, pokokmèn ora pingin kedèp nèk nyawang. Ning sandingé bocah wadok kuwi mau ono wong londo. Dhuwur, gagah, irungé mancung tur bagus. Taslim gagiyang nuntun bécaké mèdeki wong loro kuwi mau.

“Pak, Museum Batik berapa?”

Dua lima, mbak,” jawabé Taslim nganggo boso Indoésia sing medok.

Jauh ya, Pak?”

Ya lumayan jauh, mbak.”

Ya sudah, Pak.”

Nembé iki Taslim ngadepi penumpang ora nganggo nganyang. Taslim bungahé pok-pokan. Atiné bombong. Bocah wadok karo landané langsung numpak bécaké Taslim.

Jangan ngebut ya, Pak.”

Tenang aja, mbak. Dijamin aman.”

Sak dawané dalan, bocah wadok kuwi ngajak omongan. Kadang karo Taslim, kadang karo landané. Kotohomono nerangké karo landané opo sing diomongké Taslim. Diterjemahké ning boso inggris. Taslim paling yo pringas-pringis krungu omongané wong loro kuwi. Lah, ora mudeng, kon piyé manèh.

Cah wadoké njaluk dituduhi nggon-nggonan sing biso ditekani, “Selain Museum Batik, mana lagi Pak?”

“Oh banyak, mbak. Ada Kampung Batik Kauman, Pesindon, terus Kampung Canting Landungsari, Monumen, ngebom, dan pantai Slamaran, mbak,” jawabé Taslim karo setengah krengosan.

“Oh… Bapak bisa antar kami ke situ semua?”

Ya bisa. Nanti tak anter, mbak. Semuanya.”

Tekan Museum, Taslim ngentèni ning njobo. Koyo Taslim dhéwé durung tau mlebu museum. Ora lego, jaréné. Paling dèknèn ngerti dèk crito anaké sing izék sekolah. Kuwi bé ora patio dirungoké nemen-nemen. Soalé izék akèh kebutuhan sing kudu dicukupi, pikiré.

Rong jam suwiné, penumpangé Taslim nembé metu dèk museum. Wong loro kuwi langsung numpang bécaké Taslim manèh. Terus njaluk diterké ning panggonan sing diomongké Taslim. Sedino muput, Taslim muter-muter ngeterké penumpang keliling Kalongan. Terakhir Taslim ngeterké penumpangé mau ning hotèl ngarep stasiun.

Makasih ya, Pak. Sudah nganter saya dan teman saya keliling kota,” ujaré bocah wadok sing dadi guide karoan ngrogoh isi dompèté. “Ini, Pak. Diterima ya.”

Mak glodak! Duwit sing ditompo Taslim kabèh lembaran werna abang. Barang diétung, ono sepuluh lembar. Taslim kagèt, “Mbak, apa ini nggak kebanyakan?”

Itu tanda terima kasih, saya. Rejeki jangan ditolak, Pak.”

Tapi kan….”

Bocah wadok kuwi mau mèsem. “Sudah, Pak. Diterima saja. Saya seneng Bapak bisa melayani kami dengan baik. Dan itu sebagai penghargaan Bapak atas jasa Bapak. Itu sebenarnya belum seberapa dibandingkan dengan kesabaran, kejujuran, dan kesungguhan Bapak.”

Krungu omongan koyo kuwi, Taslim ora biso mangsuli opo-opo. Akhiré duit kuwi mau ditompo. Langsung digowo mulih. Bener-bener, rejeki nomplok, batiné Taslim.

Tekan omah, Taslim langsung mènèhké duwité mau ning bojoné. Pas diétung, bojoné kagèté nemen. Setengah ora percoyo, bojoné takok, “Iki sampéyan ora nyolong kan, Pak?”

“Sumpah, iki duwit halal, Bu.”

“Mosok akèhé seméné? Iki ora wajar, Pak. Yakin po’o ora wajar. Nyong ora wani nyekel duwit iki, Pak. Yo bener, ndéwé kuwi kéré. Butuh duwit. Tapèkno ora ngéné carané, Pak. Iki ora wajar. Ora wajar, Pak.”

“Lha terus pak dikapaké?”

“Yo balèké, Pak. Karoan dijelaské nèk duwit seméné kuwi kakèhan. Bapak cukup njaluk sing wajaré baé.”

“Opo ora éman-éman, Bu?”

“Pokoké balèké, Paaaak. Balèké.”

“Lha piyé carané mbalèké wong kenal bé ora?”

“Tapi sampéyan kan ngerti hotèlé. Yo ditemoni baé ra ning hotèlé. Nèk perlu saiki, Pak. Ojo kesuwèn.”

“Iki wis mbengi, Bu. Mosok kudu saiki? Mesthiné wongé wis turu.”

“Piyé carané, sampéyan sing ngerti. Nyah ki,” duwit mau ditampaké ning Taslim.

Mbengi kuwi Taslim bingung. Mripaté ketap-ketip. Kepikiran omongan bojoné. Tiwas seneng, eh malah diomyang. Karep bejo malah dadi masalah. ‘Opo iki sing jenengé rejeki ora berkah, yo?’ batiné Taslim. ‘Nèk berkah, kok pijaran gawé masalah?’.

Silir-silir angin marai mripaté Taslim kroso abot. Ora kroso, Taslim keturon ning bécaké. Angler.

Isuk-isuk, Taslim tangi. Awak kroso pegel kabèh. Mergo turuné ora kepénak tur campur kanginan. Weruh langit sing wis padhang, Taslim langsung kèbyèk. Mlayu ning sumur, adus byar-byur. Salin yo sak anané, terus mangkat ning hotèl inepané penumpang wingi kaé.

Sak dawané dalan maring hotèl, Taslim ra peduli. Ono sing ngundang ora digubris. Ono sing pak numpak ora diurusi. Pokokmèn kudu ngrampungi urusan duwit sejuta kaé.

Tekan ngarepané hotèl Taslim takon karo satpam, “Tamu bocah wadok karo londo sing nginep mau mbengi izék ning kéné ora, Kang?”

“Waduh, Kang. Nyong ora ngerti. Nyong tembé baé mangkat. Ono janjian pok?”

“Nyong ono perlu.”

“O, lha jajal bé si takok ning resèpsionis.”

“Ning ndi kuwi, Kang?”

“Kéné tak ter.”

Ning ngarepané petugas resèpsionis Taslim langsung takok soal tamu cah wadok karo londo turisé kaé.

“Ngapunten, Pak. Sakmeniko sampun chek out. Sampun budal menyang Jakarta.”

Krungu omongan koyo kuwi Taslim langsung cekelan batuk. “Waduh!”

“Tapi sakdèrèngé tindak, piyambaké nitip pesen kagem Bapak. Niki,” petugas resèpsionis sing ayu kinyis-kinyis kuwi njupul kotakan dibuntel kertas kado.

Tangané  Taslim ndredeg. Pikirané  soyo bingung. Nèk buntelan kuwi ditompo bakal nambah masalah. Nèk ora ditompo kok koyo ora ngregani sing mènèhi. “Duh, piyé iki?”

“Meniko, Pak.”

Kepekso buntelan kotak kuwi ditompo. Buntelan kuwi ora abot. Èntèng nggiyèng. Tapèkno Taslim koyo ora duwé doyo nyangking buntelan kuwi. Kabotan. Metu dèk hotèl, Taslim terus mlakoké bécaké ning Jetayu. Ning ngisor wit-witan sing baris sak dawané dalan Cendrawasih, Taslim ngiyup. Buntelan kotak kuwi diwolak-walik. Disawang-sawang. ‘Opo yo isiné?’ batiné Taslim.

“Ah, timbang penasaran seko tak buka baélah,” Alon-alon Taslim mbuka buntelan kotak kuwi. Ning njeroné ono amplop surat. Terus dibuka amplop kuwi. Muniné:

Untuk Pak Taslim,

 Mohon pemberian ini tidak ditolak. Karena ini adalah rasa terima kasih teman saya, John. Kata John, Pak Taslim adalah seorang pribadi yang sangat baik. Makanya, ia meminta saya memberikan kado ini untuk Bapak. Ini sepatu hadiah untuk putra Bapak yang masih kelas 3 SMP, yang kata Bapak sebentar lagi akan ikut ujian. Semoga sepatu ini bisa memberi semangat putra Bapak untuk meraih cita-citanya.

Sekali lagi, kami ucapkan terima kasih dan mohon maaf jika saya telah merepotkan Pak Taslim.

Salam dari kami

 Wina dan John

Mak glodak! Atiné Taslim koyo pak copot-copoto. Dibuka kadoné, isiné jebul sepatu temenan. Wernané abang. Sakjané Taslim seneng éntuk kado kuwi. Tapèkno yo bingung juga. Wedi nèk pas mengko digowo mulih malah dadi uring-uringan karo bojoné. Opo manèh perkoro duwit sejuta sing durung rampung. Ning saké duwit sejuta kuwi izék utuh. Ora kalong. Taslim bingung, nèk duwit kuwi pak dilongi mèk kiro-kiro pantes yo pak diwènèhké sopo. Nèk sepatuné, biso baé Taslim gawé alesan. Sepatuné tuku ning pasar. Tukuné nganggo duwit turahané sing wis dibalèké maring penumpang sing wis ilang kuwi mau.

Ora let suwi, Taslim weruh bocah sarungan kopyahan. Nggowo kotak amal. Ora nganggo suwi, Taslim ngundang bocah kuwi, “Lé! Mréné, lé!”

Bocah kuwi mèdek. Terus Taslim ngrogoh sak clononé. Njupuk duwit mau. Sangang lembar dileboké ning kotak amal sing digowo bocah mau. Taslim rumongso wis lego saklego-legoné.

Bar koyo kuwi, salah sijiné tukang bécak sing biasa mangkal ning kono mèdeki Taslim. “Sampéyan kok gampang temen ngetoké duwit semono akèhé, Kang? Opo ora éman-éman?”

“Timbang dadi perkoro otok, Kang.”

“Lha mending dicèlèngi opo dileboké ning kotakan mesjid langsung.”

“Lha kuwi kotak amalé mesjid juga si, Kang.”

“Bocah kuwi pancèn gawéané nggowo kotak amal, Kang. Tapi kotakané mesjid ngendi ora jelas, Kang.”

Krungu koyo kuwi, Taslim nembé kepikiran. “Iyo yo… wis… wis ketiwasan temenan kiyé nyong. Haduh aduh aduuuuh, pak éntuk rejeki bé pijaran ono perkoro. Ya Allah….”

Ujug-ujug lemes dedes awaké Taslim. Lemes koyo pedoyo. Sangangatus èwu ilang ora nepak.

Pekalongan, 11 April 2015

Please like and share..

Be the first to comment

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.


*